NEW!Referensi istilah di supply chain dan logistik Buka di sini
Me Story

Guyonan Pelamar Kerja

2 Mins read

Rabu, 12 Oktober 2005
09:15:44

I
G : Kowe nduwe omah opo ora…..?
a : dereng….
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten……..?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kuloniku
sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten…..?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang
nongkrong ae.

II
G : Kowe nduwe motor opo ora….?
b : Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil
mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo….
b : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.

III
G : kowe wis lulus sarjana tenan…..?
c : sampun pak….
G : Ora ketompo, kantor iki golek sing SMA ae luwih
manutan lan ben mbayare murah
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo…..
c : Lho kados pundi to….?
G : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis
lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.

IV
G : Kowe seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
G: Ra ketompo…..
d : waa……kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d : Sak jane nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G : Malah ora ketompo.
d : Lho kok……
G : Engko kowe mung email emailan sing lucu…….

V
G : Kowe mau mrene numpak opo ?
e : Nitih mobil
G : Kowe ora ketompo
e : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk
mundhak bayar terus
e : Wo, kulo wau namung mbonceng, kok
G : Tambah ora ketompo
e : Lho, lha kok … ?
G : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi
!

VI
G : Anakmu akeh opo sithik ?
f : Kathah pak
G : Kowe ora ketompo
f : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe
uanaaaaaak terus
f : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
f : Lho, lha kok … ?
G : Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe

VII
G : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung ?
h : Dereng
G : Kowe ora ketompo
h : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane ?
h : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
h : Lho, lha kok … ?
G : Kowe rak mung arep keminter, to ?

VIII
G : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung
k : Dereng
G : Kowe ora ketompo
k : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore ?
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
k : Lho, lha kok … ?
G : Kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?

IX
G : Kowe kerep loro ?
m : Mboten
G : Kowe ora ketompo
m : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
m : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
m : Lho, lha kok … ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

X
G : Kowe biso main Internet ?
n : mBoten
G : Kowe ora ketompo
n : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
n : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
n : Lho, lha kok … ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan
Internet, to? Ngentek-entekke pulsa !

XI
G : Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo…….
o : Kenging nopo …..?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo……
o : Pripun to niki….?
G : Mengko aku duwe saingan……….@#$!^!@#%%^

1464 posts

About author
Saat ini bekerja di perusahaan home furnishing. Hobi jalan-jalan, makan dan bersepeda.
Articles

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.